Jumat, 04 Juli 2014

Sekar Gambuh



Sekar Gambuh Nganese Wong Cilik
Laras pelog pathet barang

                                        .      .       .
 6        7        7      7        2     3      3
Pi –   tu –    tur   wus   tan   mla - ku
  .         .                                       .         .        .         .
 3        2      7      6     6       7      2        3       3        3
A –    na –  ne mung pa – dha   nra – jang    la –   ku

 6         6        6      6      6     6     6     6     7        5     3     2
Tu –  min – dak   nis – tha  bi – sa   ka – ang - gep  be - cik

 2       3      5    6       7       5      6      7
Be – cik – e  kang   tu – mrap hu – kum

 5        6     5       3      5       5       56      6
A –     ja   ma – lik – ke      le –    la –  kon


1)       pitutur wus tan mlaku,
          anane mung padha nrajang laku,
          tumindak nistha bisa kaanggep becik,
          becike kang tumrap hukum,
          aja malike lelakon.

2)       tuladha kang tiniru,
          urip mulya megatake bandhu,
          ora peduli nrajang garising pesthi,
          colong jupuk tan pakewuh,
          butuh bisane kelakon.

3)       jamane trus lumaku,
luputing wong iku kang diluru,
tan gelema ngaca alaning pribadi,
amung samya rebut unggul,
kang cilik ginawe asor.



4)       donyane tan kadulu,
ngantariksa kinamulan padu,
rakyat cilik amung bisa elik-elik,
ananging ora dirungu,
protese dianggep awon.

5)       solahe kang ngreridhu,
uwong gedhe mulya tanpa udhu,
korupsi jarene wusdadi tradisi,
mangkono aja ditiru,
mundhak gawe duka Manon.

6)       Den samya padha luru,
ilmu kanggo mbendhung jaman bendhu,
amrih nyadhang urip kang wibawa mukti,
tan nerak pitutur luhur,
lan uga nganggo wewaton.

7)       Ayo cah padha rukun,
angadepi jaman kala bendhu,
resikana manah sira murih suci,
samengko lamun ketemu,
basuki kang sarwo katon.

8)       Janji-janji kasebut,
wanci arep nyalon dadi ratu,
jebulane ing tembe mlenjani janji,
mung manggung kaya kutut,
busane nggedhekke pamor.

9)       wong jupuk kapuk randhu,
Pakunjaran sira ndekem kudu,
yen korupsi iku lumrah tur yo adil,
mangkono boboting hukum,
kang cilik ginawe abot abot.

Gurit 4



Kudu Merdika
(Dening R.M. Restu Budi Setiawan)

Suwe lawase aku nganteni owah-owahan kang gedhe
Kepingin nggayuh kamulyaning urip
Nanging, kaya-kaya ora bakal ana cahya kang nyunari
Apa isih kudu sabar anggonku ngenteni
Dhuh Gusti, kula boten sagah ngyahi jejibahan ingkang awrat puniki
Sampun cekap bumi kula dijarah rayah dening walandi

Kapan aku bias mangan sega?
Apa aku isih kudu mangan tela?
Iki kang dak rasakake ing wektu saiki
Urip mardika tanpa brana picis kang tetela
Anane mung samar nyawang raja brana kang ana
Mbesuk kapan bisa merdika saka mlarat

Esuk iki aku mengeti dina sumpah pemuda
Pranyata aku eling marang perjuangan kang ngasilake kamardikan
Saiki aku uga kudu dadi pahalawan kamardikan
Kamardikan saka kemelaratan lan kebodohan
Aku kudu merdika saka sakehing bebaya

Kapacak ing PS no 50 sasi Desember 2009

Gurit 3



Nalika Suket Godhong Dadi Mungsuh
(dening R.M. Restu Budi Setiawan)

Bumiku dak ambah, ambles
Suket dak pidak, garing
Banyu dak ombe, asat
Suket godhong lan banyu dadi mungsuh

Jare para winasis iki bebendu
Nanging apa dosaku
Ana kang kandha yen urip iki
Amung bebasab mung sagebyaring tathit
Nanging kena apa kudu nampa sesiku iki

Banjur apa kang kudu dak luwari
Wus ora kurang anggonku muji
Muji marang asmane Gusti
Prasasat tanpa kendat
Anggondu ngudi
Bisane antuk pangapurane Gusti

Oh, bumiku iki
Aja kok bacutna
Anggonmu ngeawak-ewakake uripku
Saiki aku wus tanpa rowang
Tanpa kanca
Amung samiruna kang minangka mitra

Kapacak ing PS no 31 taon 2010

Gurit 2




Mranggas
(dening R.M. Restu Budi Setiawan)


dak sawang ing ngarepku alas jati kang gumelar
hawa adem ing wektu rendheng agawe reseping ati
gegodhongan kang rungkut agawe rasa tintrim
sumilire angina sore iki pranyata nggawa nawala
nawala kang ngemot pralampita ngreridhu ati

kurang sesasi meneh tumeka mangsa ketiga
aku ora bisa nyawang sesawangan kang endhah ing alas pejaten iki
jalaran gegodhongan padha mranggas ilang tanpa tilas
kang katon amung padhang gumelar
lan hawa panas gawe sumpeging ati

kang kasurat mau lir gegambaraning ati kang sedhih
ati kang bakal remuk jalaran ilanging nimas tresnaku
kang bakal krama priya liya
krama bareng wanci mranggase godhong jati
dhuh Gusti, apa ta salahe awaku iki?

Nyawang sesawangan kang endah amung kari sesasi
Sabubare aku amung kari nyawang sesawangan kang mblerengi
Mranggase godhong jati bareng karo mranggase atiku
Gusti, mugi-mugi mranggase atiku tan beda mranggase jati
Kang pranyata isih bisa trubus mbesuk ing mangsa rendheng


Kapacak ing PS nomer 5, 30 januari 2010

Gurit 1



TETESING LUDIRA
ING TLATAH AMBARAWA
(dening R.M. Restu Budi Setiawan)


Sepian maneh katon satriya kang luhur nyikep bantala
Pasuryan sepi, ngampet laraning raga
Pemuda ngampuruk tampa daya ing bumiku Ambarawa
Sikile tengen ketaman wiji laras dowo
Naging isih ana pangajab kanggo sambat sebut
Ya sambat marang bapaku angkasa ibuku pertiwi
Lan kober amemuji sesanti mrih jaya lan waluyaning negeri

Duh gusti paringa nugraha mring awak mami
Mangkono penyuwune
Bareng suruping sang Hyang Arko
Bareng kedeping netra lan lakuning bajra herawana
Tan kendhat ludira mili yayah dineres

Mijile sang Hyang Candra, nyunari bumiku pertiwi
Kuthaku sepi, marga tan ana sing njamah
Nyenyet tanpa swara kaya – kaya angin wae ora obah
Kuthaku rusak sak, bobrok katon roto lan lemah
Nanging ing saselaning remukan bale iku
Ana setitik penguripan dikanti ilining ludira
Apa isih ana pangajab sapa kang bisa tetulung

Saiki wayah gagat rahina, swara lekas keprungu
Lamat – lamat apa kang bisa dirungu dening pemuda iku
Jroning driya pemuda iku ngrasa
Nyata aku iki wis arep layu,
Muga gusti paring pangapura mring aku
Lan muga ana kang ngreksa kuandaku


Kapacak ing panjebar semangat no 38 taon 2009