KALAP ING ALAS PINUS
(Dening R.M. Restu
Budi Setiawan)
Sore iku kaya padatan lik Mamek
lunga golek kayu ing alas pines gunung Ungaran bageyan Sumowono. Olehe golek
kayu mangkat udakara jam loro. Lakune nguncluk supaya enggal teka ana papan
kang dituju lan cepet bisa muleh gowo kayu sapikul. Tekan madyaning wit-witan
pinus langsung miwiti ngrencek kayu.
Wus wiwit wayah surup, nanging
deweke durung paja-paja katon yen arep bali. Ketungkul olehe golek kayu engga
lali wayah. Bareng krasa yen wus peteng dheweke wiwit mudhun saka wit pinus lan
mbongkok kayu kang bubar direnceki. Sarampunge mbongkok banjur budhal bali.
Kocapa lakune lik Mamek kesasar lali dalan bali, amarga wus ganti wayah wengi. Jagad
katon peteng, lakune kandeg. Bareng wus krasa sayah lumaku ing tengah alas
perengan iku dheweke leren sawetara lan nguyuh ing sapinggiring gumuk cilik.
Sumendhe adelek-dhelek ngasakake sayah awake.
Kacarita mbokne Ngatirah lan bojone
Ngadiyem bingung nggoleki. Tangga teparo padha dikabari yen lik Mamek lunga
golek kayu nganti bakda isya’ durung
bali. Sanalika diumumake ana mesjid supaya wong sadusun melu urun goleki si
Mamek.
Wayah iku uga wong lanang sa dusun Bantir
mangkat. Kabeh ubarampe kang diperlokake digawa. Kaya ta senter, arit, bendho,
oncor lan sapanunggalane.
Warga
ing alas gunung iku dipencar dadi telung kelompok. Saklompok arah ngalor,
sakelompok maneh nyasak ngetan, dene kelompok telu yaiku aku, mas Ukit, kang
Zazin, kang Min, lan lima pawongan liyane maneh ngidul gunung kang dumadi saka
perengan tajem lan margine mbebayani kanggo di liwati.
Satengahing alas senter kang digowo ya
mung telu lan oncor siji. Kepeksa
lakune rindhik. Akeh kang kesangkut ri bebodotan ora liya aku dewe. Kahanan ing
gunung katon peteng dhedhet, angin tumiyup banter nganti swarane kaya prahara
gedhe.
Sang
Hyang Candra mijil mung sa arit. Keprungu swaraning sato wana kaya serigala lan
sapanunggalane. Olehe nyasak kelompoku wus tekan sangisore teja kang wingit.
Ing kono padha ora wani nerusake laku, jalaran kuwatir kena siku sikaraning
drubiksa kang mapan ing kono. Wekasane kelompok telu mlaku niggalake papan
kuwi.
Ing
saselaning rerungkudan semak iku ana gerombolan celeng katon godres getih. Aku
sak rombongan kuwatir menawa celeng iku wis ngudhal-udhal kuwandane lik Mamek.
Banjur kabeh munggah ana gundukan watu supaya ora katrajang sato wono iku.
“Iki
banjur kepiye kang? Yen kita tetep ing kene mesti bae ora bakal antuk karya.
Nanging yen mudhun mesti bae kasundhang dhening celeng-celeng iku.” Pitakonku marang kang Min. “Prayogane kita
tretep nengkreng ing kene bae. Krutukana wau saka ndhuwur. Mengko lak banjur
pada minggat.“ Kandhane kang Min.
Sawetara
kabeh pada iwut ngusir sato iku. Aku nelpon pak Sapari yen aku ing kene
nemokake kawanan sato wana kang goders getih gabeh. Tanggapane wong kang jaga
ing pos sapinggiring alas arep budhal tumuju kene.“Pripun jare wonten sato
nyalawadi. Saniki wonten pundi?“ Pitakone pak Sapari marang kelompok
iku. “Niku pak. Wonten rerungkudan semak niku.” Kandhane kang Zazin. “Wus ayo
pada di bongkar.”
Saiki wong
sing ana jalur kidul iki saya akeh. Nambah kekendelane wong
saregu. Bareng kabongkar celenge pada mlayu lan ing kono jebul mung tinemu
bathang kidang menjangan bae. Ora kaya kang dikuwatirake.
Kabeh pada rinasa ing papan kene ora aman akeh sato wono lan dalane angel.
Tur yo ora mungkin yen lik Mamek lunga golek kayu ing kene. Kabeh banjur mudhun
lan tekane ngisor sawetara wong ana kang jaga ing pos lan liyane tetep mlaku
nyasak alas.
Watara
nganti jam rolas seperapat bengi isih nihil durung antuk apa-apa. Kabeh kelompok
dikabari supaya pada kumpul ana pos. Ora let suwe kabeh wus pada kumpul.
Pangendikane
pak Suroso kabeh pada bli bae. Panjengane ora wani ambil resiko yen kedadeyan
apa-apa wong iki wus ngancik tengah wengi. Perkara nggoleki lik Mamek arep
diterusake sesuk wayah bangun rahino. “Nggih pak kula sarujuk.” Kandhane warga
dusun Bantir kene. “Sadurunge budhal bali kabeh dak jaluk naliti rombongane
dewe-dewe, ana kang keri apa ora.” Tambahe pak Surasa. “Boten pak, sampun
jangkep sedanten.” Saut salah sawijining saka kelompok-kelompok iku.
Satekaning
desa kabeh pada ora bali menyang omah, ananging pada ngumpul lan guneman ing
bale dusun. Wong wadon ing omah uga pada ora turu, malah kepara pada lunga
menyang omahe lik Mamek. Ing bale dusun dicaosi unjukan lan daharan karo mas Wawan
salah sawijining tokoh masyarakat. Kahanan desa dadi regeng. Omahe lik Mamek
kebak swasana duka lan tangis
Wengi
iku uga pak Surasa, RT dusun Bantir paring lapuran marang pak lurah.
Panjenengane uga golek rekadaya sowan ing ngarsa sesepuh supados diparingi
priksa kepiye amrih gampang lan penake. Lan panjenengane dicaosi pirsa yen lik
Mamek iku di ajak ing alam kang ora katon. Olehe golek sesuk-esuk warga kudu
nabuhi bendhe.
Sawetra
liya ing tengah alas lik Mamek ora ngerti kiblat. Weruh padang remeng-remeng nanging ora ngerti
sangkane. Langit katon peteng nanging ora mendung. Jagad rupane kuning kaya
kesorotan lampu kutha. Lakune kang
mamek mung mubeng ing papan kono bae. Rinasa deweke mlaku adoh nanging ora
tekan papan liya. Anane mung ing papan kang padha. Bingung olehe goleki dalan
bali.
Sanalika
lakune ketemu marang sawijining papan kang saempere iku papan kadhaton. Ing
kono tinemu pawongan akeh banget. Yen sinawang lir abdi lagi nyeba gustine. Lik
mamek banjur tumuju ing papan iku. Tanpa dinyana dhaweke digeret mlebu lan
sabanjure dijeblosake ing sajroning pakunjaran. Pawongan ing kono kabeh padha
ndeleng lik mamek. Katon ratu ayu ndukani lik Mamek. Kandhene ujare lik mamek
sembrana ana ing papan gumuk mau.
Algojo-algojo
ing kono katon gagah. Waja
mingis kaya parang turi saempere iku drubiksa. Lik Mamek kang awake gering
cungkring dipecuti dhening algojo-algojo iku. Sambate ngaruara. “Dhuh ndara.
Kula nyuwun pangapunten” sambate lik Mamek. “ora ana pangapura kanggo awakmu,
kejaba yen ana pawongan kang saguh nulung kowe ana kene.” Kandane drubiksa
kanthi swarane nggegirisi.
Parak
esuk watara jam setengah telu kabeh para warga kang dibiyantu saka dusun liya
pada mangkat bebarengan. Lakune tumuju mencar. Bandhe cacah wolu diunekake ana papan kang bedha. Wus suwe
anggone nyasak wana prandene durung ketemu.
Udakara
jam setengah nem lagi ana kabar yen lik Mamek ketemu ing sapinggiring gumuk
cilik kang sandingan karo recekan kayu obong kang wus dibonggok.nalika
ditemokake kanthi kahanan ora sadar. Kabeh wong pada ora percaya yen ditemoke
ing sapinggiring gumuk. Jalaran
mau bengi gumuk iku wus diliwati bola-bali lan dianggo leren barang. “ha,
nggene kok yo mung nang kono. Mau bengi kok ora katon.” guneme lik Tukijan.
Ora
let suwe lik mamek wus digawa bali tekan omah. Keluargane wus rada lega jalaran lik Mamek wus diketemokake. Warga ing kono
banjur mampir sedela lan banjur bali menyang omahe dhewe-dhewe. Awake lik Mamek
kang ora sadar iku banju digawa ing puskesmas dhening keluwargane lan dibiyantu
tangga teparo kang cedhak.
Udakara
ana limang dina lik mamek ora enggal sadar. Kandhne pak dhokter ora apa-apa.
Pihak keluarga dadi saya bingung.
“Aku
wus nekodake arep dak gawa bali bae kok mbok.” Guneme lik Yem marang mbok
Ngtirah. “Yo yen mangkono aku sarujuk.
Samengko digolekake wong sepuh bae.” wangsulane mbok Ngatirah.
Sore
iku lik Mamek diboyong dhening keluargane bali menyang omah. Lik Ngadiyem duwe
rencana yen sesuk arep lunga menyang desa Ngoho saperlu nyuwun pitulungan wong
pinter.
“Wah.
Nek menggahing kula nggih wo, ampun ngenjing. Prayoginipun saniki kemawon.
Jalarn selak mesakake awake lik Mamek menika.” Kandhane lik Suti tangga
teparone marang mbah Ngatirah. “lha nek saiki yo wis wengi ki. Tur yo wus wayah
surub” Jawab mbah Ngatirah. “Inggih mboten menapa. Samengke nyuwun pitulungan
marang tangga saperlu ngterake Ngadiyem mrika.” Sahut lik Suti
Sabubare
adu rembug lik Ngdiyem dikancani dhening mbok Klinuk, lik Suti dalah mbok
Alimah budhal menyang desa Ngoho. Senter wus dicepakake. Olehe mangkat mlaku
nerabas alas lan tegalan supaya enggal tekan. Nalika budhal saka omah udakara
jam lima dadi yo isih rada padhang.
Jam
wolu tekan daleme Mbah Jarwo sesepuh ing desa Ngoho. Panjenengane jebul wus
persa apa kang dikarepake dhening lik Yem. Kabeh kang sowan pada gumun, jalaran
durung diaturake kok wus pirsa kekarepane.
Akeh-akeh kang dingendikakake dening mbah
Jarwo. Salah sawijine yaiku ngendikakake yen Mamek iku sukmane di lebokake ana
pakunjaran ing salah sawijining kedhaton lelembut.
“Dadi
ngene lho ndhuk, perangane awak iku ana loro yaiku sukma lan roh. Sukma iku
kang njalari wataking manungsa yaiku dumadi saka patang cahya yaiku abang,
ireng, kuning, putih. Dene roh iku nyawa kang ndadekake urip. Upama sukma papat
iku metu ora bakal mati sanadyang roh isih tetep manjing ana raga. Kang dumadi
marang bojomu iku wus dak trawang jebul kang metu yaiku sukma telu kang
tininggal mung sukma ireng. Ning iku aja kowe kaget, bojomu ing pakunjaran
kasiksa dhening pakartine drubiksa dalhing asura kang mapan ing kono. Mula
prayogane cepet enggal ditulungi, selak mesakake bojomu iku.“ Mangkono
pangendikane mbah Jarwo.
Mbah
Jarwo ngutus supaya lik Yem dalah tangga teparone bali. Ing samengko mbah Jarwo
nusul. Bareng tekan omah, jebul mbah Jarwo wus tekan liwih dhisik. Mbuh
panjenegane nitih apa kabeh pada ora weruh. Ingkang baku mbah Jarwo tekan lan
enggal-enggal nulungi bojone lik Ngadiyem.
Ora
let suwe lik mamek sadar. Banjur mbah Jarwo pamit kondur. Jane
arep di aturi unjukan dalah gula the nangging ora kersa nampa.
Dina-dina sabanjure lumaku kanti lumrah. Perkara iki kena kanggo piweling
kanggo wong sadusun Bantir kene, upama golek kayu aja nganti kesoren.
Kapacak ing PS no 52 sasi desember 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar