KETEMU DHEMIT TANGSI
BANTIR
(Dening R.M. Restu
Budi Setiawan)
Kang bakal dak caritakake iki
pengalaman kang tau dialami dhening tangga teparoku. Aku isih kelingan persis
nalika dhewke carita. Dina dumadine
lelakon yaiku malem selasa pon sasi desember 1975. Cerita misteri iki dumadi
ing satenghing barak tangsi Bantir kang wingit lan kebak wewadi uga ana ing
mbernangan yaiku salah sawijine kedhung jambar lan jero gaweyane jaman Walanda
kang mapan sandingan kalawan tangsi . Tangsi iki peniggalan jaman Walanda
kabangun udakara taon 1929 kang biyen ora krumat sawuse kamardikan negeri iki
lan arang kambah jalma manungsa. Nanging, saiki wus katon asri, asring kanggo
kemah bocah sekolah, mung emane kadhang kala isih dumadi bab-bab kang nyalawadi
lan ora tinemu ing nalar.
Sore iku udan gerimis mbabar hawa adhem jekut
ing sasi Desember iki. Desa Bantir saben sore wes ora ana wong kang metu saka
omah, jalaran mesti udan gerimis lan angin tumiyup gedhe. Bubar sholat
isya’ kang Tarno lan kulawargane padha gegeni ana pawon sinambi mangan nyamikan
roti sumbu, dene mbok Sumi lagi ngadhep teplok ana meja karo gawe wedhang kopi.
Pancen rikala taon 1975-an listrik durung mlebu desa kene, dadi ya prasaja bae
nyumet teplok.
Bengi iku kang Tarno katon susah
nyawang kahanan udan kang saya wengi saya deres. Samar
yen samengko galengan kang bubar dilabohi dhadhal. Ing saselaning guneman ana
dhipan ruang tamu dumadaka keprungu swarane wong
totok lawang. Mbok
Sumi rikat menyat mbukak lawang.
Bareng dibukak ora katon pawongan siji-sijia ing tertikan. “ora ana sapa-sapa
je, pakne!” Guneme mbok Sumi karo ngenep lawang. “Paling mung rungon-rungonen
bae ta!” Sambung kang Tarno.
Wiwit sore mau mbok Sumi wes duwe rasa ora kepenak yen kaya-kaya bakal
dumadi bab kang ora dikarepake. Pandom jam nudhuhake jam sanga kurang seprapat.
Kabeh saomah arep padha mapan turu. Nanging, kang Tarno isih durung karep turu,
amarga kepikiran marang sawahe. “Ayo pakne turu bae. Kahanan adem ngene arep
ngapa?” mbok sumi ngajak bojone. “Ah, mengko. Ora prayoga turu gasik-gasik.” Wangsulane
kang Tarno. Watara jam sepuluh kabeh somah wus padha turu kepati. Kang Tarno
isih ngadep kopi lan turahan roti sumbu sinambi ngliling teplok kang kebak
langes iku.
Saka
jeron omah kang Tarno ngungak jaba. Latar katon sepi peteng ndhedet, udan deres
lan sedhela-sedhela gumeyar lidhah thathit uga gumludhuk swarane geludhuk. Iku
njalari saya ora sratan kang tarno kepengin budhal menyang sawah saprelu
mbeneke galengan sawah. Dheweke pamitan lan bojone. Mbok Sumi menggak kang
Tarno penging lunga menyang sawah wengi-wengi. “Prayogane sesuk esuk bae to
pak!” kandane mbok Sumi. “Ah, ora. Kowe wong wadong ora ngerti butuhe wong
golek dhuwit.” Kang Tarno mangsuli sinambi nyandhak pacul lan sabanjure ngenggo
mantol.
Krungu
jawabe bojone mau mbok Sumi serik lan mbacutake olehe turu. Kang tarno budahal
menyang sawah. Pacul lan senter kang wus dibungkus plastik di gawa. Ora suwe
maneh deweke tekan sawah kang dumunung ana sisih kulone tangsi Bantir. Tekan
sungapan kang cedhak karo mbernangan keprungu swarane bocah kang lagi nagis.
Kang Tarno goleki wewayngan bocah iku. Bocah kang nangis mau ketemu ana dalan
sungapan buri mbernangan. Mempere bocah iku anak bangsa Walanda. Jroning batin
kang tarno kebak pitakon “iki kok ana sinyo lan noni ana kene wayah bengi, kahanan
udan pisan, kamangka ing desa kena ora ana piyayi Walanda banjur bocah iki
sapa?” “He, nang, nduk! Kowe sapa omahmu ngendi? Wayah udan kok ora muleh apa
ora digoleki simbokmu?” pitakone kang Tarno marang bocah sakloron. Bocah loro
iku ora ana kang mangsuli pitakone kang Tarno.
Dumadakan
bocah kang lagi tawang-tawang tangis iku menyat lan lunga tumuju ana mbernangan
. Mung kaya ana kang ganjil, bareng diwaspadakake bocah mau lakune ngambang ana
tengah mbernangan kang kebak banyu watara jerone telung meteran. Bareng saya
suwe ora katon, kaya-kaya ilang klelep banyu. “Aku ora percaya apa kang bubar
dak deleng.” Guneme kang Tarno sapinggiring mbernangan.
Udan saya deres kang tarno weruh galengane
dhadhal, nanging wurung mbeneke. Keweden marang swasana kang kaya mangkene,
luweh-luweh sentolope mati. Kang Tarno tumuju omah bunder ing Tangsi saperlu
ngiyup sawetara lan ndandani sentolop. Lurung-lurung ing tangsi disasak, barak-barak tangsi kang ngadeg katon
wingit. Sedela-sedela ana
manuk sriti kang mabur ing wayah wengi. Lakune kang Tarno tekan ing omah
bunder.
Satekane
kang Tarno ing papan iku, keprungu swara kang nyalawadi saka jerone omah bunder
iku. Ana suwara wong lagi guneman lan kadhang-kadhang keprungu swarane pawongan
njerit kaya diseksa. Ora adoh saka omah bunder iku ana kamar mandi kang uga
saka kono keprungu swara wong lagi adus. Bab kaya ngene iki gawe mirise ati.
Ing ngatase tangsi tuwa tinggalane jaman Walanda lan saiki arang kambah
manungsa kok ana pawongan adus lan gemremeng swara wong guneman ing wayah
wengi, tur udan pisan.
Ndilalah sentolop banjur urip. Kang Tarno gendelake
awake mbukak lawang barak tangsi. Bareng kabukak ruwangan katon suwung lan ora
keprungu swara maneh. Kamar mandi uga kabukak naging banyu satetes bae ora ana.
“ Wah, tangsi iki isih gawat keliwat tur angker wingit“ Kang Tarno ngucap
mangkono karo mlayu salang tunjang ing lurung tangsi tumuju omahe pak Trimo
mandor tangsi iki. Lurung kang kebak larahan godhong iku ndadekake sawara
playune kang Tarno krosekan. Angin kang sumilir lan udan deres gawe mengkorog
githoke kang Tarno.
Lakune kang Tarno kesandung sapinggire
barak kan ujere kandha biyen papan ngukum durjana. Sanalika kang Tarno ora
eling purwa duksina. Saka rumangsane awake abot kaya katindihan barang kang
gedhe dhuwur.
Bareng eling udan mung kari gerimis, kang
tarno wiwit menyat lan njagong sumende barak. Ora nyana ana serdadu kang metu
saka barak iku pirang-pirang. “brok, brok, brok“ mangkono swara sepatune kang
ngambah jogan. Emane serdadu-serdadu mau godres getih lan mung kari gembung tanpa
sirah.
Kahanan ing tangsi kono tamsaya
nggegirisi. Bab-bab nyalawadi tansah diweruhi dening kang Tarno. Wektu iku uga
kang Tarno eling marang goteking kandha wong desa, kang ujare kandha papan iki
minangka papan kang kebak wewadi. Ujare biyen ing kene ana pawongan kang tau
kalap lan ilang kaya-kaya diuntal bumi. Ing kene uga ujare asring tinemu memedi
kang ora kapetung cacahe. Memedi iku minangka korban kang diperjaya dening
kumpeni walandha.
Ing omah mbok Sumi lan anake lanang loro
yaiku Sulistyo lan Hartantanto ngenteni ana omah kathi kebak pengareb-areb. Di
ungak pandom jam nuduhake jam siji luwih. Udan wus sireb. Nanging, dumadaka
keprungu swara wong totok-totok lawang. Kanthi rikat mbok Sumi mbukak lawang.
“mbok menawa iki pakne ya le.“ Kandane mbok Sumi marang anak lanange kang wus
diwasa iku.
Jebul dudu, malah ora ana sapa-sapa ing
ngarep kaya kang dumadi mau watara jam sanga. “Lho ora ana sapa-sapa! Wah
gek-gek iki kang tunggu ana ing wit sawo ijo iku.“ Guneme mbok Sumi karo nutup
lawang maneh. Kahanan kaya mangkene gawe sumpek atine wong sakeluwarga.
“Piye mbok yen bapak dak petuke bae karo
aku lan mas Har?“ pitakone Sulistyo marang simbok. “Ah, ora le. iki wayah bengi, aja grusa grusu. Tur
maneh yo ora ana obor, prayogane sesuk esuk bae. Kang baku saiki padha bali
turu maneh lan aja lali tansah ndedonga marang keselametane bapakmu.“ kandhane
mbok Sumi.
Wengi iku pada ora bisa turu, jalaran kepikiran
marang bapakne. Sawetara, bapakne ing tangsi kamigilan weruh wewujudan kang ora
lumrah iku. Angin kang sumilir njalari rasa adem jekut lan nambahi rasa ajrih
marang kang Tarno. Wewujudan memedi terus katon tanpa kendhat. Ana kang rupa
manungsa nyangking sirahe kang tugel, ana kang mripate menlolo metu, ana
serdadu kang mlaku baris naging mung sikile bae lan sapanunggalane.
Ananging, parandene kang Tarno ora bisa
menyat lan lumaku mlayu. Sesambat bae ora bisa. Bebasann balung lan otote
dilolosi nganti tanpa daya. Kang Tarno kelingan lan nyebut asmane Gusti jroning
batin. “Duh Ya Allah tulungana awak kula puniki, singkirna memedi punika saking
ngarep kula, Ya Allah.” Bareng deweke bisa sambat sanadyan jroning driya, kang
mangkene iku bisa gawe lejaring ati.
Wekasane kang tarno bisa mbrangkang tumuju
ana griyane pak Trimo lan nyuwun pitulungan. Ing kana pak Trimo nampa pisowane
kang Tarno, nanging kang tarno wus kebacut ora bisa omong. Ora watara suwe
garwane pak Trimo nyaosake unjukan. Pak Trimo ndangu werna-werna anaging tan
ana wangsalan saka kang Tarno.
Parak esuk gasik watara jam papat kang
Tarno diterke dhening pak Trimo bali menyang omahe. Mbok Sumi tawang-tawang
tangis meruhi kahanane bojone kang koyo
mangkene. Sabubare pak Trimo nyaritakake marang mbok Sumi apa kang wus dumadi,
pak Trimo banjur pamit kondur.
Anganging ana bab kang nyalawadi. Ing
sangisore wit sawo ijo ngarep omahe kang Tarno ana wewayangan ngegla kang
saempere iku genderuwo. Pak Trimo ndingkluk lan terus rikat tindak. Olehe tintak
pak Trimo rumangsane kaya ana kang atut wuri, satekane ndalem, pak Trimo pirsa
wewayangan genderuwo mau ing ngisor wit alpukat. Panjenegane langsung mlebu lan
ngancing lawang.
Awane mbok Sumi golek reka daya kanggo
ngreksa bojone kang lagi ora bisa omong iku. Tangga teparo ana kang nyaosi
pirsa yen mbok Sumi enggal marak ngarsane mbah Degol, sesepuh desa Bantir kene.
Dening mbah Dhegol deweke di tampa kanti
becik. Sawuse mbok Sumi
ngaturake kekarepane banjur panjenegane mbah Degol dalah mbok Sumi rikat mapagi
kang Tarno. Akeh-akeh kang didawuhake dhening sesepuh desa iku. Bareng wus diuapakara,
deweke bajur bisa guneman lan walaka nyaritakake apa kang wus dumadi marang deweke.
Mbah Degol ngendikan pancen tangsi iku
isih gawat keliwat-liwat. Ujare kandha biyen akeh serdadu kang mati amarga
dipilara lan nganti dipacung sirahe, sikile ditugel ilang kuwandane teko pada
di pendem ing kono kanthi ora lumrah. Dadi yo saempere yan tangsi iku wingit
lan bareng sabubare kemerdekaan arang kambah manungsa. Dene kang dumadi ing
bernangan biyen-biyene sadurunge bangun tangsi lan mbernangan madeg kang tunggu
kono jaluk wadal. Dene kang dikarepake kang nunggu papan kono yaiku anak
Walanda lanang lan wadon. Sanalika kekarepan iku disembadani. Bocah Walanda
loro kang isih umur sepuluhan taon dipendem urip-uripan ing bakal mbernangan
banjur diplester jobin. Nganti saiki mbah Degol isih sok disuwuni pitedah yen
ana wong kang duwe masalah marang jagading lelembut.
Kapacak ing PS no 21 tahun 2010
Grand Casino Hotel & Spa, Atlantic City, NJ 08401 - Mapyro
BalasHapusGet directions, 강릉 출장샵 reviews and information for Grand Casino 의왕 출장안마 Hotel 거제 출장샵 & Spa, 춘천 출장안마 Atlantic 광주광역 출장안마 City, NJ 08401 in Atlantic City, NJ.