Jumat, 04 Juli 2014

Artikel 1




Gelar lan Sesebutan Kapriyayen lan Trah Jroning Masyarakat Jawa Minangka Warisan Budaya Luhur
Ature R.M. Restu Budi Setiawan
Nadyan karaton ing saiki wus ora duwe kekuatan politik mligi jroning paprentahan NKRI, nanging kuncara lan perbawaning karaton jroning masyarakat utamane masyarakat Jawa isih gedhe banget. Ing jaman republik iki kabeh karaton saindhenging Nuswantara kalebu karaton/kadipaten Jawa cacah 4 (Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunegaran lan Pakualaman) wus nyawiji karegem jroning wadhah NKRI. Nanging tradhisi lan warisan budaya kang diduweni dening saben-saben karaton kasebut isih tetep lumaku lan lestari kepara tetep dadi panutan jroning masayarakat. Warisan budaya mau salah sawijine yaiku arupa gelar kapriyayen (gelar kebangswanan).
Ya bener, gelar kasebut ing saiki ora duweni fungsi kanggo kekuwatan politik ing paprentahan, mung minangka warisan budaya. Nanging, jroning  masyarakat kang pengaruh istana sentries-e isih gedhe utamane masyarakat Jawa isih tetep ngakoni lan ngajeni marang anane gelar lan sesebutan kasebut minangka tandha drajad kapriyayen lan warisan budaya adi luhung kang asesumber saka karaton.
Nanging, saperangan masayarakat moderen uga duwe panemu anane gelar kasebut ora ana gandheng cenenge marang statusa priyayi. Masayarakat kang mangkono lumrahe amung mbiji anane gelar kasebut adhedhasar warisan budaya blaka. Panemu kang mangake ya satemene ora salah. Amarga ing jaman saiki konsep priyayi wis owah. Yen jaman biyen kang diarani priyayi iku wong kang derbe title saka Ratu utawa wong kang derbe grad/trah saka karaton, nanging ing jaman saiki kang diarani priyayi orientasine marang satatus ekonomi lan satatusa sosial jroning masayarakat.
Mula ora jeneng mokal yen wong biyasa bisa dadi priyayi merga sugih lan derbe drajad pangkat kang linuwih. Utawa suwalike wong kang satemene iku trahing ngawirsa, kesuma rembesing madu malah bisa ora kajen babar blas amarga dadi drajade wong ora duwe. Ya kaya mangkene iki sejatine kang kerep dadi guneman jroning masarakat kanthi unen-unen “tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati”.

Perangane Gelar Kapriyayen
Kang aran gelar utawa sesebutan jroning masyarakat Jawa iku kajaba duweni fungsi minangka pelestarian budaya ing jaman saiki, satemene duweni fungsi asli kang mligi, yaiku; 1. kanggo mbedakake endhek-dhuwure drajad kapriyayen jroning masyarakat, 2. kanggo mbedakake endhek-dhuwure pangkat kang disandhang sadhengah priyayi jroning kraton (upamane antarane sentana dalem kalawan abdi dalem), 3. minangka tandha yen duwe grad/trahing ngawirya (tedhak turun saka panguwasa/priyagung luhur karaton).
Gelar kapriyayen ing masyarakat Jawa kaperang dadi rong perangan. Perang sepisan yaiku gelar asli keturunan utawa asring disebut minangka “darah biru utawa darah keturunan ningrat”. Gelar kasebut disandang lan rumaket wiwit lahir dening wong kang duweni trah saka panguwasa ing tanah Jawa (tuladhane trah nata Majapahit, Demak, Pajang, Mataram, Kartasaura, Surakarta, Ngayogyakarta, Mangkunegaran, Pakualaman, lan sakpanunggalane). Trah kasebut bisa dijupuk saka pancer kakung utawa putri (keturunan saka garis lanang lan wadon). Kanthi mangkono gelar kang mangkene iki duweni sipat biologis lan kodrat saka Gusti Kang Maha Kawasa kang nitahe pawongangan kasebut minangka trahing kusuma rembesing madu. Cekake gelar kang mangknene bisa diturunake marang anak putune kanthi turunan ora ana pedhote kabeh bisa antuk gelar.
Gelar darah keturunan dalem iki sesebutane bisa dipikoleh adhedhasar grad. Grad yaiku garis keturunan kang nelakake sawijining wong turunan kepira saka sinuwun sapa ing karaton ngendi. Grad ora  bisa dirubah lan ora bisa diganti, merga iki wus kinodrat. Paprincene mangkene:
Grad 1 (putra-putri dalem kangjeng sinuwun) wiwit jaman sinuwun Pakubuwana X nganti seprene para putra-putri kang isih timur kaparingan sesebutan Gusti kayata G.R.M. (putra), G.R.Aj. (putri durung nikah), G.R.Ay. (putri wis nikah), nalika jaman PB IX putra-putri dalem kang isih timur kaparingan sesebutan Bendara kayata B.R.M. (putra), B.R.Aj. (putrid durung nikah) lan B.R.Ay. (putri wis nikah), lan sak durunge susuhunan PB IX putra-putri dalem kang isih timur racake padha kaparingan sesebutan R.M.(putra), R.Aj.(putri durung nikah), R.Ay. (putri wis nikah). Beda maneh yen putra ana kang diangkat dadi pangeran upamane dadi G.P.H./K.G.P.H. lan liya-liyane utawa putri ana sing diangkat dadi G.K.R. mula gelare uga beda.
Dene grad 2-4 (yen ing Ngayogyakarta) utawa grad 3-5 (yen ing Surakarta) tumrap lanang R.M., R.Aj., R.Ay. Seje maneh yen ing Surakarta Hadiningrat Grad ka-2 (wayah dalem) kaparingan sebutan Bendara kayata B.R.M., B.R.Aj., B.R.Ay., pugeran ing surakarta kang mangkene iki lumaku wiwit jaman Susuhunan PB X.
Sabanjure grad ka-6 nganti ora ana pedhote (tumrap Surakarata) lan grad ka-5 nganti ora ana pedhote (tumrap Ngayogyakarta) tumrap lanang nganti tekan 15 taun R.Bg (Raden Bagus, paugeran ing Ngayogya) yen sabubare 15 tahun banjur ganti R (raden), tumrap wadon yen durung nikah R.Rr. (Raden Rara), yen wus nikah malih dadi R.Ngt. (Raden Nganten) Nanging kang uwis-uwis ing Surakarta yen wong wadon derbe gelar R.Rr. upama kagarwa dening sentana dalem gelare malih dadi R.Ay.
Tuladhane ana wong wadon durung nikah grad ka-7 saka Susuhunan PB X, mula dheweke derbe gelar R.Rr., bareng diwasa dheweke kagarwa dening sentana dalem karaton Surakarta Hadiningrat, mula gelar kang di sandhang bocah wadon kasebut bisa malih dadi R.Ay.
Kapindho yaiku gelar paringan dalem (paringan saka karaton) kang arupa gelar pangkat tumrap sentana, riya inggil, abdi dalem, prajurit lan liya-liyane kalebu uga gelar kang diparingake marang sok sapa wae kang kapundhut minangka garwa dalem. Gelar iki diparingake kanggo sapa wae (ora nyawang pawongan iku trahing kesuma rembesing madu apa turunan wong biyasa) kang duweni labuh labet marang karaton, duweni kasetyan minangka abdi karaton, duweni peran gedhe marang jagading kabudayan, sosial, politik lan sak panaunggalane kalebu wong kang kapundhut garwa dening sang nata uga duweni hak kaparingan gelar kasebut. Nanging perlau kawuningan yen gelar iki asipat individual tegese ora bisa diturunake marang anak putune.
Gelar mangkene iki maneka warna cacahe. Saben karaton utawa saben kadipaten bisa uga beda-beda paugerane. Ora kaya sesebutan/gelar darah dalem/keturunan dalem. Yen gelar keturunan dalem mau umume paugerane meh padha lan sesebutane ya miripantarane Kasunanan Surakarta Hadiningrat, Kasulatanan Ngayogyakarta Hadiningrat, Kadipaten Mangkunegaran lan Kadipaten Pakualaman, nadyan  ana bedane nanging ya mung sethithik.
Kang uwis kelakon kaya ing Ngayogyakarta Hadiningrat upamane ana wong 2 kang kaparingan/kawisudha minangka wedono. Kang siji duweni kekancingan darah dalem/keturunan dalem lan sing siji ora duwe trah saka sapa-sapa. Mula gelar/sesebutan kang di paringake marang pawongan kasebut uga beda-beda. Kang duweni kekancingan darah dalem/keturunan dalem kaparingan R.W. (Raden Wedono) lan sing siji mung kaparingan M.W. (Mas Wedono) jalaran dudu darah biru. Semono uga tumrap Ngabehi, yen duwe kekancingan darah dalem mula kaparingan R.Ng. (Raden Ngabehi) yen ora dudu darah biru ya mung M.Ng. (Mas Ngabehi).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar